Senin, 25 Juni 2018
Bacaan: Ulangan 24:17-22 l Nyanyian KPJ 135: 2
“Elinga yen ing biyen kowe uga dadi batur ana ing tanah Mesir, mangka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang ngluwari kowe saka ing kono…”(Ay. 18)
ELING MARANG ASALE
Wonten salah satunggaling lagu reggae jawi ingkang dipun populeraken dening Tony Q. Rastafara ingkang mekaten sekedhik lirik-ipun:
Ora bisa karepe dhewe, kabeh ana aturane
Yen pengen urip karepe dhewe, manggana ning alas dhewe
Njajala…, rasakna…
Uripe manungsa becik bebrayan tepa slira
Yen arep mulya sumelehke ati
Ora usah gumun karo gilape donya
Aja lali sapa kowe, Saka ngendi anggonmu asale
Aja lali kudu eling, Aja dumeh yen ora gelem kaweleh
Senaosa kula boten nglangeni musik reggae, ananging kula remen sanget kaliyan lagu punika amargi tembung-tembung ingkang dipun piji dados lirik-pun. Lagu punika memucal supados manungsa tansah purun emut dhateng papan lan kahanan saking pundi asalipun. Manungsa nalika miyos mboten mbeta drajat, pangkat, lan kasugihan. Manungsa kahanane namung lebu lan ing wusana ugi badhe wangsul malih dhateng lebu. Bilih manungsa saged nggadhahi mawarni-warni barang darbe, saged nglampahi gesangipun kanthi prasaja, punika namung karana kamirahanipun Sang Maha Agung.
Ananging, sesarengan kaliyan lampahipun kemajengan jaman, kados-kados manungsa gampil sanget kapilut kaliyan iming-iming kadonyan. Manungsa asring supe saking pundi asalipun, ewed sanget saos sokur ing mawarni-warni kahanan. Bandha donya ingkang sejatosipun namung kanugrahan, ananging dipun gegem sampun ngantos kecalan. Malah-malah, bilih saged bandha punika katambahana, mboten preduli kados pundi tata cara angsalipun, mboten perduli halal-haram.
Saking waosan Dhawuh Pangandikanipun Gusti, Bangsa Israel kaemutaken dening Gusti, supados bangsa Israel saged emut bilih Sang Yehuwah tansah nresnani, lan wujuding tresna punika sampun nyata kabukti nalika Gusti paring pangluwaran saking panindhesipun bangsa Mesir. Mboten anamung saged emut dhateng katresnanipun Gusti, ananging ugi saged nindhakaken gesang ingkang boten namung mburu kadonyan, boten dados tiyang-tiyang ingkang nindhaken panindhes lan sawiyah-wiyah dhateng tiyang sanes. [Ocep]
“Akeh durung mesthi cukup, sithik durung mesthi kurang”
