Fanatik

Jumat,  28 April 2017

Waosan : Yesaya 26: 1-4    |   Pamuji: KPK 140: 1,2,3

“Padha kumandela marang Sang Yehuwah ing salawase, awit Sang Yehuwah iku gunnung parang kang langgeng (ay.4)

Fanatik

Salah satunggaling hoby kula inggih punika kuliner. Mie ayam Pak Parman, punika salah satunggaling menu favorit kuliner kula. Pak Parman punika tanggi kula piyambak ingkang sampun sadean mie ayam wiwit kula taksih alit. Keunggulanipun inggih punika mie ndamel piyambak lan ayamipun punika ayam kampung. Sampun saged mbayangaken kados pundi raosipun.... eca sanget! Mboten namung mak nyusss tambah sambel, kecap sekedhik dados mak nyosss..... saben mudik, wonten agenda ingkang mboten saged kageser inggih punika andhog ing warung mie ayam Pak Parman. Sejatosipun sampun kathah warung mie ayam sanesipun. Anaging pilihan kula tetep Mie Pak Parman. Anggenipun  nyuguhaken namung prasaja, ananging kula kadhung fanatik kaliyan raosipun.

Fanatik miturut Kamus Bahasa Indonesia inggih punika kepercayaan yang teramat kuat perihal agama, politik dll. Kapitadosan ingkang kiyat punika ndadosaken manungsa mboten purun pindhah dhateng pilihan sanes. Tamtu punika sae, awit punika ugi ngetingalaken prinsip gesangipun tetiyang. Fanatik punika ateges mboten menutup diri saking tiyang sanes, ananging ugi tetep saged ngugemi punapa ingkang dados prinsipipun.

Nabi Yesaya ugi mujudaken fanatikipun dhumateng Gusti Allah ingkang ugi nyuwun dados sipatipun Bangsa Israel ingkang wongsal-wangsul nampeni sih kamirahanipun Gusti Allah. Gusti Allah ngemuti dhateng manungsa ingkang mursid, inggih tiyang ingkang saestu ngugemi sedaya pranatanipun Gusti kanthi setya. Gusti dados tembok lan beteng sarta gunung parang ingkang langgeng, dados papan ingkang aman wekdal ngadhepi mengsah, wekdal ngadhepi pacoben lan pergumulan gesang.

Mila kanthi reraosan punika kita kaajak nggadhahi sipat fanatik. Fanatik mboten ateges kedah mbelani agama lan mbelani Gusti. Karana Gusti mboten perlu dipun bela. Kosokwangsulipun Gusti ingkang tansah mbelani kita.  Fanatik dhumateng Gusti cekap kawujudaken ing tata cara gesang ingkang tansah ngugemi kapitadosan kita lan ngendelaken Gusti. [PKS]

“Yen fanatik kudu diketokke.... yaiku tresnane dudu anarkhise!”